Do'a Hari Jadi Klaten Ke-212 Bahasa Jawa - KangMasroer.Com

Do'a Hari Jadi Klaten Ke-212 Bahasa Jawa


اعوذ بالله من الشيطان الرجيم. بسم الله الرحمن الرحيم
اللهم صل على سيدنا محمد وعلى ال سيدنا محمد سيد الاولين والاخرين وسلم ورضي الله تعالى عن اصحاب رسول الله اجمعين
حمدا شاكرين حمدا ناعمين حمدا يوافى نعمه ويكافئ مزيدة. يا ربنا لك الحمد كما ينبغى لجلال وجهك الكريم وعظيم سلطانك

Ya Allah, Ya Rahman Ya Rahim.. Inggih namung awit kamirahan saha welas asih Paduka, kawula sedaya saged angadani upacara Dinten Dumadosipun Kabupaten Klaten kaping 212 (Kalih Atus Kalih Welas) warsa 2016 (Rong Ewu Nembelas) ing enjang puniko. Pramilo ya Allah, mugi Paduka kersa paring ridha saha anampi raos syukur kawula sedaya.

Ya Allah, Pengeran Kawulo Mugi Paduko kersa paring pangayoman dhumateng kawula sedaya, tansah paring kekiyatan lahir saha bathos dumatheng kawula sedaya, paring bimbingan saha pitedah dumatheng kawula sedaya, sahinggo sedaya lampah kawula tansah pinayungan barokah lan ridha Paduko.

Duh Allah, Pangeran Ingkang Maha Mirah Lan Maha Asih, Mugi Paduka paring kanugrahan ingkang anumusi dumateng kawicaksanan menggahing para pangembating praja sahingga saget mahanani kamakmuraning masyarakat, lahir tandesing bathos, donya dumugining akherat.

Dhuh Allah, Pengeran kawula ingkang maha kuwaos ing samukawis kedadosan lan kawontenan ing samudayanipun. Ya Allah, Ya Malik Ya Aziz, Kawula nglenggana bilih kawula punika ringkih tur tanpa daya, namung Paduka ingkang amurba amisesa sedaya ingkang rumentah sak indenging jagad rad pramudita. Pramila kita dhedhepe saha sumarah dhumateng panguwaos Paduka.

Ya Allah, Ya Ghaffar Ya Latif.. Kawula nglenggana sampun kathah dosa lan kalepatan, sampun kathah damel karisakan ing bumi Paduko. Pramila ya Allah, mugi Paduka kersa paring aksama awit sedaya lepat saha dosa kawula, dosa sederek lan leluhur kawula, lan dosa para pangarsaning negari kawula.

Ya Allah, Pengeran Ingkang Maha Agung.. Mugi kersoa anampi dateng panyuwunan kawula, ingkang boten sisip saking pakertining agesang ingkang pangeran ridhai. Duh Allah, mugi angluberna samudra pangaksami Paduka dateng kula sedaya ing perkawis-perkawis sarta tumindak ingkang boten mracihnani, dumateng bebrayaning masyarakat kawula, lan anebihna saking kawula perkawis-perkawis ingkang saget angrisak karukunaning masyarakat. mugi Paduka anampi panyuwunan kawulo punika.

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَا لَا تُزِغْ قُلُوبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا وَهَبْ لَنَا مِن لَّدُنكَ رَحْمَةً ۚ إِنَّكَ أَنتَ الْوَهَّابُ
ربناآتنا في الدنيا حسنة وفي الآخرة حسنة وقنا عذاب النار , سبحان ربك رب العزة عما يصفون وسلام على الرسلين والحمد لله رب العالمين

0 Tanggapan untuk "Do'a Hari Jadi Klaten Ke-212 Bahasa Jawa"

Post a Comment

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel